KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA: Kenapa Bulan Rabiul Awal Disebut “Mulud”?

30 September 2022 § Leave a comment


الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين

أشهد أن لا إله إلا الله الملك الحق المبين 

وأشهد أن محمدا رسول الله صادق الوعد الأمين

اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه أجمعين ومن تبعهم بإحسان إلي يوم الدين 

أما بعد 

فيا أيها الحاضرون اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون 

وقال الله تعالى:  وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ (الأنبياء: 107)

Hadirin, Jamaah Jumat, Rahimakumullah …

Wulan Rabiul Awal sering diidentikkan kaliyan dinten kelahiran Kanjeng Nabi Muhammad.

Amargi menika, teng basa Jawi, wulan Rabiul Awal dipunsebat kaliyan “Mulud”. Menika saking tembung “maulud” (مولود) ingkang artosipun “bayi ingkang lahir”. Utawi, “Mulud” menika saking isim zaman “maulid” (مولد) ingkang artosipun “waktu lahir”.

Rabiul Awal dipun sebat “Mulud” amargi wulan menika memang wulan lahirupun Nabi Muhammad. Sanadyan, Rabiul Awal ugi wulan wafatipun Kanjeng Nabi.

Hadirin, Rahimakumullah …

Nabi Muhammad lahir ing dinten Senen, tanggal kalih welas, wulan Rabiul Awal, Tahun Gajah utawi ‘Amul-Fil. Setunggaling sahabat Nabi asmanipun Qais bin Makhramah matur,

وُلِدْتُ أَنَا وَرَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَامَ الفِيلِ

“Kula lan rasulullah lahir ing Tahun Gajah. ” (HR. Imam al-Tirmidzi lan Imam Ahmad).

Dipunsebat “Tahun Gajah” amargi ing tahun menika pasukan gajah ingkang dipun pimpin kaliyan Abrahah nyerang Ka’bah, kados ingkang kito mangertosi ing surah al-Fil.

Menika tahun lahiripun Kanjeng Nabi.

Sementara, soal dinten lahiripun Nabi, ing hadis dipun sebataken, setunggaling dinten, Nabi nate dipun tangleti soal keniasaan piyambakipun siyam sunah dinten Senen. Nabi mangsuli,

فيه ولدت

“Kula lahir ing dinten Senen menika.”

Dados, Hadirin, rahimakumullah … Nabi Muhammad siyam sunah dinten Senen dados ungkapan syukur lan takzim atas kelahiran piyambakipun. Mila, hadis nabi siyam dinten Senen menika dados dalil paling sahih lan paling jelas soal “masyru’iyyah al-ihtifal bi al-maulid al-nabawi al-syarif”. Bahwa, peringatan Maulid Nabi kados wonten ing tradisi kita menika dipun leresaken dening syariat. Mboten nyalahi syariat. Bahwa, peringatan Maulid Nabi menika perkawis ingkang sae.

Lan, tiyang pertami ingkang memperingati maulid Nabi inggih menika Nabi piyambak. Nabi memperingati maulid kaliyan siyam dinten Senen .

Wanci Nabi siyam ing dinten lahiripun, saestunipun menika menunjukkan dua hal: ingkang prinsip lan ingkang ekspresi.

Syukur atas kelahiran inggih menika prinsip. Siyam ing dinten kelahiran inggih menika ekspresi utawi ungkapan syukur. Menika ajaran kangge kita, umatipun Kanjeng Nabi. Bilih Nabi bersyukur atas kelahiranipun piyambak, mila kita ugi mekaten : bersyukur atas kelahiran Nabi.

Bilih syukuripun Kanjeng Nabi atas kelahiranipun piyambak menika kalih kaliyan cara siyam, mila ungkapan syukur kita atas kelahiran Nabi saged kaliyan siyam utawi ungkapan syukur lintunipun ingkang saged ngelingake kita datheng Kanjeng Nabi, langkung caket nepangaken kita dhateng Kanjeng Nabi, lan mendorong kita kangge neladani ajaran-ajaran Kanjeng Nabi.

Mila, peringatan Maulid Nabi ingkang sampun lumrah dipun wontenaken ing wulan Mulud menika bentuk ungkapan syukur atas kelahiran Kanjeng Nabi Muhammad ingkang rawuhipun wonten donya menika kangge dados rahmat.

Hadirin, Rahimakumullah …

Peristiwa ageng lintunipun ingkang kedados ing wulan Mulud inggih menaika wafatipun Kanjeng Nabi.

Setunggaling wekdal, wonten akhir wulan Sapar, Kanjeng Nabi ziarah dhateng pesarean Baqi’. Ndongakaken poro sahabat ingkang sampun wafat. Sawangsul saking ngrika, Kanjeng Nabi ngalami sakit sirah,kaliyan demam. Meriang. Ing wiwitipun, piyambakipun taksih saged nahan sakit. Sawelas dinten Kanjeng Nabi gerah, nanging Kanjeng Nabi tasih saged beraktivitas, kados ngimami shalat utawi manggihi poro garwanipun.

Dumugi lajeng ing kalih dinten pungkasan, sakit piyambakipun soyo parah. Piyambakipun poyan dhateng poro garwanipun kangge dipun rawat wonten ndaleme Siti Aisyah.

Menit-menit pungkasan sugengipun Kanjeng Nabi inggih menita menit-menit ingkang nyakitaken kangge Kanjeng Nabi. Pedrihipun sakratulmaut.

واكرب أبتاه

“Duh, abote gerahipun Abah kula.”

Menika tembunge putri piyambakipun, Siti Fatimah, nyumerepi kondisi Kanjeng Nabi. Lajeng, Kanjeng Nabi mangsuli, “Sak wise dina iki, Abah-mu ora bakal ngerasaake abot maneh. “

Dinten Senen, tanggal kali welas, wulud Mulud, tahun sewelas Hijriah, sak sampunipun tigo welas dinten sakit, ing umur sawidak tigo, Kanjeng Nabi sedo. Kanjeng Nabi wafat tepat ing dinten, tanggal, lan wulan kelahiranipun. Kanjeng Nabi Lahir lan wafat ing tanggal, dinten, lan wulan ingkang sami.

Sedonipun Kanjeng Nabi menika kesedihan kangge umat. Peristiwa ingkang mboten kangge dipun eling-eling kaliyan umat. Amargi menika, umat mboten menisbahkan wulan Rabiul Awal kaliyan sedonipun Kanjeng Nabi. Umat langkung milih menisbahkan wulan Rabiul Awal kaliyan kelahiranipun Kanjeng Nabi, amargi kelahiran Kanjeng Nabi menika kegembiraan ingkang prayogi dipun syukuri.

Walhasil, sak meniko kito ngertos kenging punapa kito milih sebutan “Mulud” dados padanan nami wulan Rabiul Awal.

بارك الله لي ولكم ونفعنى وإياكم من الآيات والذكر الحكيم والحمد لله رب العالمين.

Khutbah 2

الحمد لله. والصلاة والسلام على رسول الله. وعلى آله ومن والاه. ولا حول ولا قوة إلا بالله .

أمَّا بعدُ، فيا عباد الله، اتقوا الله حق التقوى. قد قال الله تعالى: وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجاً (الطلاق:2)

واعلموا أن يومكم هذا يوم عظيم. قال رسول الله صلىى الله عليه وسلم: إِنَّ مِنْ أَفْضَلِ أَيَّامِكُمْ يَوْمَ الْجُمُعَةِ : فِيهِ خُلِقَ آدَمُ، وَفِيهِ قُبِضَ، وَفِيهِ النَّفْخَةُ، وَفِيهِ الصَّعْقَةُ ؛ فَأَكْثِرُوا عَلَيَّ مِنَ الصَّلَاةِ فِيهِ ؛ فَإِنَّ صَلَاتَكُمْ مَعْرُوضَةٌ عَلَيَّ –رواه أبو داود 

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. 

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عن بَلَدِنَا إندونسيا خَاصَّةً وَمِنْ سائر البلدان عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ 

عِبَادَ اللهِ، (إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ (وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ والله يعلم ما تصنعون).


Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s

What’s this?

You are currently reading KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA: Kenapa Bulan Rabiul Awal Disebut “Mulud”? at Warung Nalar.

meta

%d bloggers like this: